Rabu, 08 November 2017

Brosur Lowongan


Dening: M. Alfin Bachtiar



Sore iku, Rudi lungguh ing dingklik ngarep omah karo nglamun. Wis pirang – pirang wulan iki Rudi lulus SMK, nanging durung ketrima mergawe amargi mesti keri informasi. Sabene ana lowongan, mesti wis diisi wong liya. Padahal wong tuwane Rudi wis padha sepuh, awak agawe mergawe wis abot, tur Eni, adhine Rudi, arepe mlebu SMA, butuh tuku buku, sragam, lan sak liyane.
Wayah Rudi lagi nglamun, Eni teka.
“mas, sampeyan mek apa ta, kok nglamun ae? Arep ngitungi semut?” Eni ngguyu
“ee, iya, sajake semute kok akeh aku pingin ngitung, pira, ta, akehe.”
Eni mlebu omah, banjur Rudi nyusul.
“awakmu teka endi? Kok dungaren metu yah mene.”
“kuwi lho, mas, teka omahe Wiwik, balikne buku sing tak silih kala wingi.”
“Oalah... lha awakmu wis ana ancer –ancer SMA sing kok pingini?” Rudi lungguh ing dipan.
“wis, mas. SMA loro kae lho. Ora adoh, tur syarat masuke ora angel.”
“ya wis apik yen ws duwe ancer – ancer. Sing penting awakmu sekolaho sing tenanan. Tulung jupukna banyu, ngelak aku.”

Bar maghrib, Rudi lan Eni padha lungguh ing kursi kamar tengah karo ngrungokake radio. Rudi nyambi mangan kacang godog.
“En, bapak lan ibu ing endi?”
“isih ing mesjid, ana acara donga kanggo malem pitulas... lha sampeyan kok ora melu, mas?”
“Oalah. Lho, saiki wis malem pitulas, ta? Rumangsaku isih malem suwelas.”
Rudi jupuk kacang karo ngangkat sikile, njlegrang kaya ing warung. Ing radio lagi dibahas prakara krisis negara.
“walah, negarane saya suwe kok saya rusak, ya? Akeh sing medhot sekolah amargi ora ana dhuwit, lha sing pejabat malah nglencer ing luwar negri, gawe dhuwit korupsi.”
“iya, mas. Ana maneh, masalah pengangguran, mas.” Eni mesem menyang Rudi. “Sampeyan lho, mas. Mbok ya ndang golek mergawe, bapak lan ibu iki wis sepuh, mas. Sak benere aku ya pinginn mergawe, nanging ora oleh karo bapak. Kudu fokus sekolah dhisik.
“bener kuwi, awakmu sekolaho dhisik sing dhuwur, ora kaya aku golek gawean ae angel.”
Rudi ngadeg lan mbenahi sarunge.
“En, aku arep ing warunge mbak Yun dhisik, yen bapak lan ibu wis kondur, tulung omongna ya.”
“oke, mas. Ati – ati ya.”

Rudi mangkat menyang warung sing ora adoh saka omahe. Wayah teka ngisor wit ringin, Rudi krungu ana sing nyeluk. Swarane ora jelas, kaya wong bisik.
“Rrudi.... enteni aku Rudi...”
“lho, kaya ana sing nyeluk aku? Sapa? Endi? Waduh kok wedi aku.”
Rudi plengakan goleki sing nyeluk. Ujug – ujug ana sing mencolot saka mburi wit ringin.
“waa!!”
“Allahu akbar!” Rudi kaget mlayu banter banget nganti warung. Yuni, sing duwe warung gumun weruh polahe Rudi.
“ana apa ta, mas Rudi? Bengi – bengi kok mlayu – mlayu? Apa lagi latihan lomba mlayu?”
Rudi isih ngos – ngosan wayah ana kancane Joko teka karo ngguyu.
“Rud, Rud. Kowe iki lho, karo kanca dhewe kok wedi.”
“kuwi mau awakmu ta?”
“he eh.” Joko ngguyu. Pundake dijotos Rudi.
“Ko, mbok ya lek guyon iki ora gawe kageti, rumangsaku mau weden wit ringin, wedi aku.”
“lha ya ta, isih ana ae wong wedi ngono wi. Mbak Yun, kopi.” Joko lungguh jupuk gorengan.
“loro mbak, kopine.”
“nggih, nggih, mas. Diluk ya.”
“eh Ko, awakmu ngerti ana lowongan apa ora? Aku ndang butuh penggawean iki. Adhiku wis arep SMA, ya mesti butuh macem – macem.”
“wah, sepurane, aku durung ngerti ana lowongan. Lha awakmu gak jajal, ing tokone cina wi? Biyasane yen ana wong pengen mergawe gelem – gelem ae.”
“aduh Ko, awakmu ngerti dhewe yen bapakku iki anti cina. Sak benere ya arep jajal aku, nanging wedi yen diamuk bapakku.”
Yuni nyelehne rong cingkir kopi ireng panas banjur ngisi baki gorengan sing wis kosong. Joko langsung nyaut tempe, senajan isih panas lagi mentas saka wajan.
“wado, panas!” Joko njingkat karo ngibasake tangane. Yuni lan Rudi mung ngguyu.
“mbok ya sabar sithik ta, mas. Wong tempe lagi mentas kok disaut ae.”
Rudi nyeruput kopine. “mbak, sampeyan ngerti ana lowongan mergawe? Yen ana, aku arep nglamar.”
“wah, ora ana krungu, mas. Saiki golek mergawe pancen angel. Ana lowongan ya mesti syarate angel. Aku dodol kopi ya amarga angel golek mergawe, mas.”
Joko nyeruput kopine banjur nyumet rokok.
“lho, wiwit kapan awakmu rokok?”
“wis suwe, awakmu ora ngerti ta?”
“ora. Ngertiku awakmu malah ora seneng yen ana wong rokok, amargi beluke ganggu. Ya, ta?”
“he eh. Biyen jaman SMK ancen ora seneng aku. Tapi saiki ya wis biyasa, kok.”
“merokok membunuhmu, lho Ko.”
“rokok ora rokok mati, Rud.”
“sak karepmu wis.”
Joko jedal – jedul ngemut rokoke lan mangan tempe.
“apa kuwi, putih – putih nempel ing cagak?” Joko ndidingi brosur sing ketempel ing cagak telepon cedhak warung kopi. Rudi ngadeg lan jupuk brosur mau.
“wah, lowongan iki! Mergawe ing pabrik krupuk, bayarane lumayan gedhe.”
“persyaratane? Apa wis cukup?”
“syarate berusia 19 tahun keatas, sehat fisik dan mental. Lek iki ya aku cukup.”
Rudi bungah banget. Niate sesuk isuk budhal menyang alamate, ben isa ndang mergawe. Ujug – ujug Yuni ngomong.
“ mas, deloken, iki tanggal piro?”
“he? Tanggal?” Rudi ngecek ing pojok ngisor, ana ketulis cilik tulisan tanggal lan tahun.
“lha iki kan taun wingi? Apa isih ana lowongane?”
Rudi sing awale bungah, banjur lungguh ndiluk. Bingung. Batang wayah wis ana dalan gawe mergawe, jebule durung rejekine.
“mas, piye lek sampeyan mergawe ing warungku? Sampeyan lak ngerti, ta, diluk kas aku arep rabi, dadi urusan jaga warung bakal susah. Yen sampeyan gelem, bisa ngganteni aku. Piye?
Krungu omongane Yuni, Rudi semangat maneh. Langsung ae Rudi nrima, masio bayarane ora sepira, nanging wis cukup gawe bantu urusan dhuwit keluargane

Minggu, 28 Agustus 2016

Selamat Datang!!!

Whew....


Halo semua... Rei a.k.a. Kaze disini dan selamat datang di blog saya!!
Tujuan saya membuat blog ini, yah sekedar sebagai tempat menampung ide-ide saya yang kadang hanya tersimpan di harrdisk laptop saya. Dan bukankah lebih baik ditunjukkan ke semua orang?
Mungkin saya akan jarang post berhubung ide tak selalu datang dan waktu saya juga tidak selalu luang...

Pokoknya silakan melihat-lihat blog saya!!