Dening: M. Alfin Bachtiar
Sore iku, Rudi lungguh ing dingklik ngarep omah karo
nglamun. Wis pirang – pirang wulan iki Rudi lulus SMK, nanging durung ketrima
mergawe amargi mesti keri informasi. Sabene ana lowongan, mesti wis diisi wong
liya. Padahal wong tuwane Rudi wis padha sepuh, awak agawe mergawe wis abot,
tur Eni, adhine Rudi, arepe mlebu SMA, butuh tuku buku, sragam, lan sak liyane.
Wayah Rudi lagi nglamun, Eni teka.
“mas, sampeyan mek apa ta, kok nglamun ae? Arep ngitungi
semut?” Eni ngguyu
“ee, iya, sajake semute kok akeh aku pingin ngitung,
pira, ta, akehe.”
Eni mlebu omah, banjur Rudi nyusul.
“awakmu teka endi? Kok dungaren metu yah mene.”
“kuwi lho, mas, teka omahe Wiwik, balikne buku sing tak
silih kala wingi.”
“Oalah... lha awakmu wis ana ancer –ancer SMA sing kok
pingini?” Rudi lungguh ing dipan.
“wis, mas. SMA loro kae lho. Ora adoh, tur syarat masuke
ora angel.”
“ya wis apik yen ws duwe ancer – ancer. Sing penting
awakmu sekolaho sing tenanan. Tulung jupukna banyu, ngelak aku.”
Bar maghrib, Rudi lan Eni padha lungguh ing kursi kamar
tengah karo ngrungokake radio. Rudi nyambi mangan kacang godog.
“En, bapak lan ibu ing endi?”
“isih ing mesjid, ana acara donga kanggo malem pitulas...
lha sampeyan kok ora melu, mas?”
“Oalah. Lho, saiki wis malem pitulas, ta? Rumangsaku isih
malem suwelas.”
Rudi jupuk kacang karo ngangkat sikile, njlegrang kaya
ing warung. Ing radio lagi dibahas prakara krisis negara.
“walah, negarane saya suwe kok saya rusak, ya? Akeh sing
medhot sekolah amargi ora ana dhuwit, lha sing pejabat malah nglencer ing luwar
negri, gawe dhuwit korupsi.”
“iya, mas. Ana maneh, masalah pengangguran, mas.” Eni
mesem menyang Rudi. “Sampeyan lho, mas. Mbok ya ndang golek mergawe, bapak lan
ibu iki wis sepuh, mas. Sak benere aku ya pinginn mergawe, nanging ora oleh
karo bapak. Kudu fokus sekolah dhisik.
“bener kuwi, awakmu sekolaho dhisik sing dhuwur, ora kaya
aku golek gawean ae angel.”
Rudi ngadeg lan mbenahi sarunge.
“En, aku arep ing warunge mbak Yun dhisik, yen bapak lan
ibu wis kondur, tulung omongna ya.”
“oke, mas. Ati – ati ya.”
Rudi mangkat menyang warung sing ora adoh saka omahe.
Wayah teka ngisor wit ringin, Rudi krungu ana sing nyeluk. Swarane ora jelas,
kaya wong bisik.
“Rrudi.... enteni aku Rudi...”
“lho, kaya ana sing nyeluk aku? Sapa? Endi? Waduh kok
wedi aku.”
Rudi plengakan goleki sing nyeluk. Ujug – ujug ana sing
mencolot saka mburi wit ringin.
“waa!!”
“Allahu akbar!” Rudi kaget mlayu banter banget nganti
warung. Yuni, sing duwe warung gumun weruh polahe Rudi.
“ana apa ta, mas Rudi? Bengi – bengi kok mlayu – mlayu?
Apa lagi latihan lomba mlayu?”
Rudi isih ngos – ngosan wayah ana kancane Joko teka karo
ngguyu.
“Rud, Rud. Kowe iki lho, karo kanca dhewe kok wedi.”
“kuwi mau awakmu ta?”
“he eh.” Joko ngguyu. Pundake dijotos Rudi.
“Ko, mbok ya lek guyon iki ora gawe kageti, rumangsaku
mau weden wit ringin, wedi aku.”
“lha ya ta, isih ana ae wong wedi ngono wi. Mbak Yun,
kopi.” Joko lungguh jupuk gorengan.
“loro mbak, kopine.”
“nggih, nggih, mas. Diluk ya.”
“eh Ko, awakmu ngerti ana lowongan apa ora? Aku ndang
butuh penggawean iki. Adhiku wis arep SMA, ya mesti butuh macem – macem.”
“wah, sepurane, aku durung ngerti ana lowongan. Lha
awakmu gak jajal, ing tokone cina wi? Biyasane yen ana wong pengen mergawe
gelem – gelem ae.”
“aduh Ko, awakmu ngerti dhewe yen bapakku iki anti cina.
Sak benere ya arep jajal aku, nanging wedi yen diamuk bapakku.”
Yuni nyelehne rong cingkir kopi ireng panas banjur ngisi
baki gorengan sing wis kosong. Joko langsung nyaut tempe, senajan isih panas
lagi mentas saka wajan.
“wado, panas!” Joko njingkat karo ngibasake tangane. Yuni
lan Rudi mung ngguyu.
“mbok ya sabar sithik ta, mas. Wong tempe lagi mentas kok
disaut ae.”
Rudi nyeruput kopine. “mbak, sampeyan ngerti ana lowongan
mergawe? Yen ana, aku arep nglamar.”
“wah, ora ana krungu, mas. Saiki golek mergawe pancen
angel. Ana lowongan ya mesti syarate angel. Aku dodol kopi ya amarga angel
golek mergawe, mas.”
Joko nyeruput kopine banjur nyumet rokok.
“lho, wiwit kapan awakmu rokok?”
“wis suwe, awakmu ora ngerti ta?”
“ora. Ngertiku awakmu malah ora seneng yen ana wong
rokok, amargi beluke ganggu. Ya, ta?”
“he eh. Biyen jaman SMK ancen ora seneng aku. Tapi saiki
ya wis biyasa, kok.”
“merokok membunuhmu, lho Ko.”
“rokok ora rokok mati, Rud.”
“sak karepmu wis.”
Joko jedal – jedul ngemut rokoke lan mangan tempe.
“apa kuwi, putih – putih nempel ing cagak?” Joko ndidingi
brosur sing ketempel ing cagak telepon cedhak warung kopi. Rudi ngadeg lan
jupuk brosur mau.
“wah, lowongan iki! Mergawe ing pabrik krupuk, bayarane
lumayan gedhe.”
“persyaratane? Apa wis cukup?”
“syarate berusia 19 tahun keatas, sehat fisik dan mental.
Lek iki ya aku cukup.”
Rudi bungah banget. Niate sesuk isuk budhal menyang
alamate, ben isa ndang mergawe. Ujug – ujug Yuni ngomong.
“ mas, deloken, iki tanggal piro?”
“he? Tanggal?” Rudi ngecek ing pojok ngisor, ana ketulis
cilik tulisan tanggal lan tahun.
“lha iki kan taun wingi? Apa isih ana lowongane?”
Rudi sing awale bungah, banjur lungguh ndiluk. Bingung.
Batang wayah wis ana dalan gawe mergawe, jebule durung rejekine.
“mas, piye lek sampeyan mergawe ing warungku? Sampeyan
lak ngerti, ta, diluk kas aku arep rabi, dadi urusan jaga warung bakal susah.
Yen sampeyan gelem, bisa ngganteni aku. Piye?
Krungu omongane Yuni, Rudi semangat maneh. Langsung ae Rudi
nrima, masio bayarane ora sepira, nanging wis cukup gawe bantu urusan dhuwit
keluargane
Tidak ada komentar:
Posting Komentar